DONGENG KANGGE MBENTUK KARAKTER BANGSA

DONGENG : SARANA NGENALAKEN NILAI-NILAI MORAL, PENGAJARAN BUDI PEKERTI LAN KHAZANAH BUDAYA JAWI MUJUDAKEN REKADAYA KANGGE 
MBENTUK KARAKTER BANGSA

Dening : Siti Muslifah, SS, MHum.
(Dosen Sastra Jawa Universitas Sebelas Maret Surakarta)



ABSTRAK

Pembangunan Nasional ing jagading pendidikan ing Indonesia, dipun arahaken supados saged minteraken panggesanganing bangsa lan ninngkataken kualitas Sumber Daya Manusia (SDM) kangge mujudaken masyarakat ingkang maju lan supados para warganipun saged ngembangaken dhirinipun. Sumber Daya Manusia ingkang nggadhahi kualitas, saged dipunangkah mawi persiapan ingkang mateng wiwit alit, ing antawisipun mawi cara-cara ngramut, paring perlindungan lan pelayanan pendidikan kangge lare. Ngengeti bilih masa lare-lare mujudukaen masa emas, karena terjadi akumulasi berbagai pengalaman yang terus bertambah. Jagading bocah, mujudaken jagading pasinaon ingkang wiyar sanget, ing antawisipun ing babagan basa, kaprigelan visual, moral, etika, hubungan intrapersonal lan interpersonal, seni, budaya lan sanes-sanesipun.

Ing wanci menika, pergeseran nilai-nilai moral ing panggesangan masyarakat mujudaken satunggaling fenomena sosial mendasar ingkang mratah ing masyarakat Indonesia. Kangge rekadaya ngantisipasi pengaruh negatif budaya global saged kanthi nyiapaken sikap mental lan ideologis kanthi mulang lan mahamaken nilai-nilai moral wiwit alit. Rekadaya kalawau, sanesipun kanthi pendidikan ing sekolah, ugi saged saking peran aktifipun tiyang sepuh kanthi nyedhiayani bahan-bahan wacan ingkang pas tumrap para lare. Dongeng mujudaken sarana ingkang trep lan pas kangge penanaman nilai moral. Ngengeti perkembangan jiwanipun para lare ingkang taksih mlebet ing masa fantasi, inggih menika asring nirokaken prilaku para paraga utawi tiyang ingkang dipunpujapuji, ingkang dipun remeni. Proses niru kalawau mujudaken proses ingkang dominan tumrap para lare. Pramila, prastawa utawi gagasan ingkang dipun sokaken ing cariyos kangge para lare (dongeng), kedah saged paring conto lan patuladhan.

Janipun, sawijining cariyos (dongeng) saged anggadhahi kekiyatan ingkang ngedab-edabi, inggih menika saged nuwuhaken sikap disiplin, mbangkitaken emosi, ndadosaken inspirasi, nuwuhaken owah-owahan, kekiyatan pikiran dan tubuh, lan saged ugi dados obat.. Cariyos (dongeng) ingkang kita dongengaken dhateng para lare, saged dipundadosaken kesempatan emas tumrap tiyang sepuh tua kangge nyampekaken nilai, semangat, motivasi lan sipat-sipat positip sanesipun. Nalika ndongeng, ugi mujudaken wekdal ingkang sanget nengsemaken lan mligi, awit inggih wonten ing ngriku antawisipun lare lan tiyangsepuhipun saged manunggilaken raos, saged cecaketan antawisipun tiyang sepuh lan lare, saengga cariyos (dongeng) ingkang dipun dongenngaken anggadhahi makna ingkang lebet, rumasuk dhateng batos.

Dongeng ingkang mujudaken sacuwil cariyos saking jaman kina, saged ngrekam lan paring solusi kangge ngadhepi pergeseran nilai ingkang dumados ing sakmenika. Nilai-nilai moral, etika, lan budi pekerti ingkang tumancep ing sanubarining para lare, mujudaken kekiyatan kangge mbangun karakter generasi. Kanthi metafor-metafor ingkang dipunsampekaken ing dongeng, dongeng saged dados sarana ingkang penting supados para lare saged kenal kalihann identitasipun piyambak lan saged nemokaken dayaning gesang, saengga anggadhahi daya saing ingkang kiat, pinter, nggadhahi etika, ingkang sadaya kalawau mujudaken modhal kangge mbentuk karakter bangsa lan mbangun pradaban kangge tembe wingking.

Kata-kata kunci : Dongeng, sarana kangge ngenalaken nilai, karakter bangsa.

 I.              PURWAKA

Sejatosipun, dongeng ingkang kangge lare-lare menika ngemu piwulang kabecikan, saha saged ugi ngemu piwucal pendidikan (edukasi) utaminipun piwulang budi pekerti. Ing salabetipun dongeng menika ngemu caiyos-cariyos ingkang saged kangge patuladhan tumrapipun lare-lare. Lare-lare sasampunipun dipun cariyosaken utawi sasampunipun dipundongengi dening tiyang sepuh utawi gurunipun, lajeng saged milah saha milih pundi prekawis ingkang sae, lan pundi prekawis ingkang mboten saeing salebetipun dongeng menika.

Dene wujudipun dongeng menika werni-werni, kadosta :

  1. Fabel, inggih menika dongeng ingkang nyariyosaken para kewan. Kewan-kewan kalawau saged tata jalma kadosdene manungsa limrah. Para paraganipun inggih kewan. Ingkang mujudaken cariyos fabel, umpaminipun : Dongeng Kancil, Dongeng Sato Kewan, lan sanes-sanesipun;
  2. Legendha, inggih menika cariyos ingkang gegayutan kalihan dumadosipun sawijining panggenan, kados ta : Crita Asal-Usuling Banyuwangi, Dongeng Rawapening, lan sanes-sanesipun;
  3. Mite, inggih menika cariyos kapitayan jaman kina, ingkang nyariyosaken alaming lelembut, paraganipun manungsa utawi setengah manungsa, saged ugi dewa-dewi. Kados ta : Cariyosipun Nyai Rara Kidul;
  4. Wiracarita, inggih menika cariyos ingkang ngandharaken bab-bab ingkang linangkung ing jaman kina. Cariyos kalawau lajeng dipunpundhi-pundhi sanget, sok dipungathukaken kalihan serat babad. Umpaminipun: Mahabarata, Ramayana, Cariyos Panji Asmarabangun, Ciyung Wanara lan sanes-sanesipun;
  5. Dongeng Lugu, inggih menika dongeng ingkang isinipun sarwa aneh, nyleneh lan mboten kalebet ing nalar. Kados ta : Dongengipun Timun Emas, Brambang Bawang, Cindhe Laras, Jaka Kendhil, lan sanes-sanesipun;
  6. Sage, inggih menika dongeng ingkang anyariyosaken lan nggambaraken tokoh istimewa. Cariyos sage asring wor suh kalihan cariyos kepahlawanan. Tokoh (paraganipun) tansah dipun puja awit kesaktianipun, lan ugi jasanipun. Sage nyariyosaken paraga ingkang dados gegedhug. Kados ta : Dongeng Rara Jonggrang, Candhi Sewu, Kembang Wijayakusuma, Ken Arok, Jaka Bandung, Raden Banjaransari, Raden Rangga, lan sanes-sanesipun.

II.             PANGERTOSAN DONGENG

Davis (1967: 13-18) mratelakaken bilih dongeng kangge para lare anggadhahi ciri-ciri, ing antawisipun:

  1. sipatipun tradisional, sampun wonten ing masyarakat kawit kala rumiyin;
  2. idealis, inggih menika ngemot gagasan ingkang inggil;
  3. populer, saged nglelipur (hiburan) ingkang nyenengaken tumrap para lare;
  4. teoritis, inggih menika dipun angkah saged ndhidhik, paring arahan lan bimbingan kangge para lare.

Liripun, dongeng menika sawijinipun cariyos ingkang kalamangsanipun mboten tinemu ing nalar, utawi wonten ingkang mastani karangan ingkang ngayawarakemawon lan mokal sagedipun kaleksanan. Dados, wonten ingkang nganggep bilih dongeng menika namung lamunanipun pengarang(panganggitipun) kemawon. Pramila, asring dipunjarwadosokaken utawi dipun kerata basakaken, dongeng menika dipaido keneng, utawi dipaido mengeng.

Saestunipun, menawi dipunonceki, sejatosipun dongeng menika ngemu piwulang ingkang sae. Dados piwulangipun kadhangkala mboten melok, awit saking menika, soksintena ingkang maos utawi ingkang mireng, kedah saged ngonceki piyambak, utawi saged ugi kanthi tuntunanipun para guru, lan saged ugi malih, dipun tuntun cara-caranipun ngonceki dongeng utawi cariyos kalawau dening tiyang sepuhipun.

Sanesipun menika, kedah dipunpilih dongeng ingkang gampil dipun emut-emut dening para lare. Dongeng ingkang cekak aos nanging mentes isinipun. Dongeng ingkang nengsemaken lan para lare gampil apalipun. Kanthi mekaten, dongeng gampil cemanthel ing pikiranipun para lare , satemah pikiranipun badhe tinarbuka, saged neniru utawi nulad sadaya piwulang ingkang sae saking dongeng, lan saged mbucal menapa kemawon ingkang kirang prayogi ing salebetipun dongeng kalawau.

III.            DONGENG : SARANA NGENALAKEN NILAI-NILAI MORAL, PENGAJARAN BUDI PEKERTI LAN KHAZANAH BUDAYA JAWI REKADAYA KANGGE MBENTUK KARAKTER BANGSA

A.    DONGENG: SARANA NGENALAKEN NILAI-NILAI MORAL LAN PENGAJARAN BUDI PEKERTI

Dongeng mujudaken cariyos fantastis. Dongeng saged dipunbedakaken miturut aspek menapa kemawon, amargi meh sadaya aspek panggesanganing manungsa asring dipun dadosaken bahan andamel dongeng. Pramila dongeng saged ugi kagolongaken kados ing ngandhap menika :

  1. Dongeng kewan (fabel);
  2. Dongeng lucu (joke tales);
  3. Dongeng anak (nursery tales).

Fabel mujudaken simbol (pralambang) ingkang nggambaraken polah tingkahing manungsa nanging dipunparagani kewan. Dongeng Lucu namung kaangkah kangge panglipur kemawon. Wonten ingkang nyebat dongeng lucu menika anekdot. Kados ta : Dongenge Clana Buntung lan Wong Cethil

Miturut Innis (1967 : 17-18), dongeng (cariyos kangge para lare) anggadhahi mupangat, umpaminipun :

  1. kangge nglelipur supados para lare mesem lan saged ugi ngguyu kepingkel-pingkel awit lucu lan remen manahipun;
  2. Paring informasi dhateng fenomena, objek, kahanan alam, djagading kewan, kahanan dalu, siang, lan khayalan-khayalan;
  3. Paring tuntunan solah bawa, muna-muni, solah tingkah, nilai-nilai moral lan pengajaran budi pekerti.

Ingkang kagolong dongeng ingkang sampun mratah sumebar ing masyarakat Jawi, kados ta :

  1. Andhe-andhe Lumut;
  2. Buta Ijo;
  3. Watugunung;
  4. Ajisaka, lan sanes-sanesipun.

B.    REKADAYA KANGGE MBENTUK KARAKTER BANGSA

Cariyos dedongengan biasanipun dipuntampi ing ssekolah lan saged ugi ing griya. Kanthi dongeng, lare saged mbiji lan milih piyambak pundi watak-watak ingkang badhe dipun enut.

Kanthi makaten, dongeng pancen nengsemaken, saged nyenengaken manahipun para lare, lan ngemot pengajaran-pengajaran tinamtu.  Dados dongeng anggadhahi mupangat ingkang tanpa tandhing, utaminipun kangge mbentuk watak lan solahtingkah padintenan. Wontwn ing pirembagan menika dipun maksudaken bilih dongeng menika saged dados figur utawi panutan lan referensi utawi pandom pandaming tetuladhan tumrap para lare.Amargi jiwaning para lare ingkang taksih gampil kaombang-ambing, saengga kanthi dongeng menika saged mbentuk sekedhik mbaka sekdhik jiwa ingkang mandiri. Ingkang tundhonipun, kanthi teba ingkang langkung wiyar, saged mbentuk karakter/watak bangsa Indonesia menika.

Sikap mental positip ingkang ing sakmenika sampun langka, kados ta : ngrumaosi lepat, ngraosaken isin, lan sapanunggalanipun, sampun wiwit kikis, utamainipun malah ing kalanganipun para pangembating praja, saengga sadaya namung rebut bener, mboten saged dados tuntunan malah namung dados tontonan kemawon.

Pramila, menawi watak-watak ingkang sae sampun dipun wiwiti kawit alit,wiwit lare, mbokmanawi negari lan bangsa ingkang adiluhung, anggadhahi nama ingkang arum, pemimpinipun sami nggadhahi watak berbudi,bawaleksana ingkang saged anetepi pangandika, mboten namung impen kemawon.

IV.           PETHIKAN SAKING SERAT LAYANG DONGENG SATO KEWAN

Minangka conto dongeng ingkang ngemu piwulang becik, ing ngandhap menika badhe kaandharaken tuladha-tuladha ingkang kapethikaken saking serat Layang Dongeng Sato Kewan anggitanipun Tuwan CF. Winter (Ahli Basa Jawi Bangsa Welandi) ing taun 1923, ing antawisipun:

  1. Wonten dongeng ingkang nyariyosaken Kancil lan Bulus. Ana bulus acelathu marang kancil, tembunge : aku ora maido yen kowe pinunjul ing playu. Anannging ayo padha nyoba balapan. Sapa kang andhisiki tekan wekasaning ara-ara iki. Tembung mangkono mau ingatase si Kancil kadidene omongan kang nglindur bae. Awit bulus mono ewone kewan kang klelar-kleler. Ing bab pawakan, genah menawa ora babag babar pisan. Kancil gedhe dhuwur lan cukat ing playu.Ewadene pangajake mau uga dituruti. Anuli bulus amiwiti mlayu. Kancil isih enak-enak dhewe. Ciptane: si gumremet kareben mempis-mempis, aku mesthi bisa nututi. Ora rekasa kanggoku, aku mlumpat ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan anglemer kuwi. Sangsaya adoh olehku angaceki, sangsaya andadekake kocapku. Ing nalika samana bulus wis meh tekan wates. Kancil isih sareh sawetara. Bareng tumandang arep nututi, weruh yen meh kasep awit dening talompene. Ewadene isih anduweni pangarep-arep menang sarana cukate lumpate. Kancil enggal lumayu, rikate prasasat angin. Ananging tanpa gawe, awit bulus wus andhisiki tekan wekasaning ara-ara. Dadi kancil kalah. LIDING DONGENG mangkene : wong iku sanajan terang budine, elingan tuwin pratitis ing cipta, yen ora trengginas ing samubarang gawe, amesthi kedhisikan ing liyan. Wong liya kang amek kauntungane. Uga bisa kanggo conto, manawa manungsa aja sok angremehake wong liya kang kaanggep ora duwe kaluwihan utawa kapinteran. Sapa ngerti kang katone ora anduweni kaluwihan apadene kapinteran apa-apa kuwi, malah bisa angungkuli awake dhewe.
  2. Wonten malih Dongeng Asu lan Macan Tutul. Anuju sawijining dina ana asu kapregok ing macan tutul kang banget ngelihe. Ing sesawangan, genah menawa macan tutul luwih rosa tinimbang asu. Mula macan tutul nyedhaki asu, untune gathik lan anggereng.Karepe arep mangsa si asu. Sanadyan Asu banget getere, ananging sareh ing pratingkah. Celathune: Ki sanak, kula punika kera, manawi sampeyan andhahar kula, mangsa warega. Aluwung kula sampeyan tut wingking. Kula tedahaken dhaharan ingkang lema. Sampeyan badhe kula bekta dhateng kandhang mendanipun bendara kula. Ing ngriku sampeyan badhe manggih dhedhaharan ingkang andadosaken suka pirenaning galih. Macan tutull ditari kang mangkono, banget senenge. Amarga saking percayane banjur tutburi lakuning asu. Ananging kedadeyane ora prayoga. Asu cidra ing jangji. Macan tutul ora digawa menyang kandhang wedhus, nanging digawa menyang panggonan pasangan kala, kang abnget andadekake kagete macan tutul mau. Asu bungah banget. Lumayu tutur marang bendarane. Bendarane teka, macan nuli dijiret, digantung ing pang. LIDING DONGENG mangkene : samubarang kang katone ora kena dilakoni sarana karosan, kerep bisa rampung dening akal. Uga aja gampang kablithuk dening akale wong kang sajatine arep laku ala.
  3. Wonten malih piwulang kabecikan ing salebetipun dongeng Menjangan lan Uwit Anggur. Ana menjangan mentas diuyak-uyak grema (tukang mbebedhag kewan), nganti meh pedhot ambegane, ora anduweni pangarep-arep bisa angoncati pakewuh. Anuli ana pitulung, yaiku uwit anggur kang angrembuyung godhonge, brukut angaling-alingi menjangan kang ngandhut watir. Grema kesasar-sasar lakune, menjangan ing saiki bisa ambegan. Yen ta bener-bener,kudune menjangan nedha nrima banget marang wit anggur. Dene godhonge wis bisa nylametake awake saka bebayane grema. Ananging ora mengkono. Bareng wus ilang kang dadi memalane, ora antara suwe menjangan kang tanpa pangrasa kuwi amangani godhong anggur nganti barindhil. Menjangan babarpisan ora ngerti manawa pratingkahe bakal gawe rugi gedhe tumrap dheweke dhewe. Lan bener, ora suwe menjangan mau rumangsa banget kaduwunge. Grema kang kesasar mau nuli weruh maneh dalane. Amarga saka wit anggur kang barindhil godhonge karana dipangani mau,  grema bisa ngulatake menjangan kang dadi burone. Mula menjangan wis ora bisa anyingkiri pepati. Olehe mangani godhong anggur nemu dhendha kang luwih gedhe. LIDING DONGENG mangkene: sing sapa amales ala marang panggawe becik, amesthi nemu piala kang luwih gedhe, merga saka kuranging panarimane.
  4. Dongenge Asu lan Kucing Lanang. Ana kucing lanang siji. Saking bisane ndhepe-ndhepe sarta muni ngasih-asih, banget disihi ing bendarane. Bareng asu, dhasar kang rumeksa ing ngomah, seru panjeguge, yen kerah rosane ngluwihi, teka ora ketiban sihing bendara. Yen kang duwe omah mangan, kucing diwenehi kang enak-enak sarta empuk-empuk. Dene pandumaning asu mung roti, balung lan banyu. Ananging ora antara suwe salin lelakone. Anuju sawijining dina , kucing wus mangan. Piring-piringe durung disinggahake, diparani asu. Bareng lagi wiwit didilati, kucing enggal teka ambekis kambi makungkung agawe kageting asu. Pratingkahing kucing kang mangkono iku ngewak-ewakake banget, sarta agawe nepsune bendara. Wiwit nalika semana, lorodaning bendara dadi bubuhaning asu, bubuhaning kucing mung andilati piring bae. LIDING DOONGENG mangkene: wong drengki iren iku wus mesthine yen oleh samubarang kang ora becik.
  5. Wonten malih dongenge Manuk Cilik lan Kucing. Ana manuk cilik siji, wus pirang-pirang dina aniteni pratingkahing kucing duwe anak, anake kerep dielah-elih. Ciptaning manuk : akal temen kucing iku, anake dielah-elih, amurih aja kongsi ana kang weruh enggone, ambokmenawa dimunasika. Manuk anuli takon marang kucing : he, kisanak, ngendi olehmu ngaji kaprayitnan lan akal kang dak alem ana paedahe iku. Kucing sumaur : olehku wewulang iku saka ing lelakoning awakmu, awit aku weruh anakmu kang manggung ana ing susuh tansah katiwasan dicolong. Mulane aku rumeksa, aja kongsi anakku dicolong. LIDING DONGENG mangkene : wong aniteni pratingkahe liyan, apadene anengeri kaluputane sarta anyingkiri kaluputan iku, wus tartamtu bisa oleh piwulang kang luwih prayoga.
  6. Dongenge Bocah-bocah lan Kodok. Ana bocah akeh padha dolan sapinggiring tlaga kang akeh kodhoke. Dene kang dadi kabungahane, bocah-bocah mau padha nguncalake sakehing watu menyang njero tlaga. Polah tingkahe bocah-bocah kang kaya mangkono mau, banget agawe kuwatiring atine kodhok ing sajrone tlaga. Wasana ana kodhok siji kang kendel dhewe mecungul. Celathune : heh, bocah-bocah, yagene kowe kabeh agawe laku kang ala lan aniaya marang bangsaku. Kamangka aku lan bangsaku ora tau gawe kapitunanmu.Wruhanamu, olehmu dolanan iku agawe bungahmu, nanging andadekake prihatin tumrap aku lan bangsaku. LIDING DONGENG mangkene : kabungahan kang andadekake prihatining liyan iku ora bener.
  7. Dongenge Ayam Babon. Ana wong wadon tuwa miskin duwe ingon-ingon babon siji. Saben dina babon mau ngendhog siji siji. Ananging sing duwe ora marem marang endhog siji sedina mau. Babone terus dijuju dilemokake. Ciptane, kanthi dijuju pangan lan dilemokake, mesthi ing sadin-dinane bisa ngendhog loro utawa telu. Ananging babon mauamarga kinadukan pangan dadi lemu banget, ora ngendhog-ngendhog maneh. LIDING DONGENG mangkene : dinarima marang panduman sethithik. Yen ora mangkono, amasthi malah sangsaya sethithik begjamu.

V.            DUDUTAN

  1. Sejatosipun, dongeng ingkang kangge lare-lare menika ngemu piwulang kabecikan, saha saged ugi ngemu piwucal pendidikan (edukasi) utaminipun piwulang budi pekerti.
  2. Ing salabetipun dongeng ngemu cariyos-cariyos ingkang saged kangge patuladhan tumrapipun lare-lare.
  3. Lare-lare sasampunipun dipun cariyosaken utawi sasampunipun dipundongengi dening tiyang sepuh utawi gurunipun, lajeng saged milah saha milih pundi prekawis ingkang sae, lan pundi prekawis ingkang mboten sae ing salebetipun dongeng.
  4. Cariyos dedongengan biasanipun dipuntampi ing ssekolah lan saged ugi ing griya. Kanthi dongeng, lare saged mbiji lan milih piyambak pundi watak-watak ingkang badhe dipun enut.
  5. Dongeng, saged kangge sarana ngenalaken nilai-nilai moral saha pengajaran budi pekerti saengga tebanipun ingkang langkung wiyar, kaangkah dongeng mujudaken salah satunggaling rekadaya kangge mbentuk karakter (watak) bangsa.   sumber http://ki-demang.com/

2 Komentar (+add yours?)

  1. Ningtyas Edy Pangestu
    Mar 15, 2013 @ 23:05:13

    Nyuwun palilah andum …
    Matur sembah nuwun

    Balas

  2. Janet
    Agu 28, 2013 @ 16:32:43

    There are other places free that they date there, we
    believe that this is what you seek. Place it away from where it can be
    contaminated by their feces. This is Drawing Block
    and is very much like Author’s Block.

    Balas

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d blogger menyukai ini: