PASUJUDAN SUNAN BONANG

PASUJUDAN SUNAN BONANG

(Cerita rakyat saka kecamatan Lasem kabupaten Rembang)

Sunan Bonang nalika miyos asma Maulana Makdum Ibrahim. Miyos ing Tuban Jawa Timur tahun 1465. Panjenengan putra Sunan Ampel sing pidalem ing Surabaya. Nalika isih timur Makdum Ibrahim diutus dening ramane nderek nyebarake agama Islam ngarah mengulon. Sawise tekan alas Kemuning supaya manggon ing kono. Krana kuwi Panjenengane enggal tindak ngulandara ngarah mangulon. Tindake ngasta kebo lanang.

 Pirang-pirang dina suwene Panjenengane tindak tanpa leren diiring kebo lanang lan santrine. Tekan sawijining panggonan ora ngerti sebab musababe kebo lanang sing diasta mati. Amarga kebon klangenane mati Makdum Ibrahim krasa susah. Panjenengane enggal nyenyuwun ing ngarsane Allah kang Mahakuasa, bebarengan kuwi Panjenengane antuk prentah supaya netep ing alas Kemuning kuwi yaiku panggonan matine kebo sing diasta. Ing tembe mburi amarga kebone mati ing kono panggonan kuwi dijenengake desa Bonang, saka tembung kebo lanang.

Panjenengane wiwit mertapa ing sadhuwure watu. Manut crita watu kang kanggo mertapa Makdum Ibrahim iki isih bisa dideleng ing bukit Bonang, manggon ing sajroning wewangunan omah sing akeh ditekani para peziarah. Ing watu mau katon lekukan sing wujude kaya tilas tlapak manungsa sing diyakini dening warga kono dadi tilas tlapak Makdum Ibrahim nalika sujud ing ngarsane Gusti Allah SWT. Tilas tlapak ing watu kuwi sing nganti saiki diarani Pasujudan Sunan Bonang.

Pangulandarane Makdum Ibrahim krana nyebarake Agama Islam, mula saben ketemu wong diajak mlebu agama Islam. Kanggo ganepi saranane dakwah banjur yasa masjid ing desa Bonang kuwi. Miturut cerita gawene kanthi sak lapan cepet banget gumunake para warga, banjur padha niat meguru marang Sunan Bonang. Suwe-suwe santrine akeh ora mung saka sakupenge Bonang wae nanging uga saka sanjabane daerah Bonang kono. Wiwit saka pesisir Banyuwangi tekan pesisir Cirebon. Antara liya saka pulo Madura, Pasuruan, Gresik, Tuban, Demak, Semarang, tekan ing Cirebon lan panggonan-panggonan pesisir lor liyane. Nalika yuswa 30 taun dadi wali kang sinebut Sunan Bonang.

Kira-kira abad ka-16 tahun 1530-an, Maulana Makdum Ibrahim utawa Sunan Bonang katimbalan Gusti. Apa karana karomah lan kawicaksananne apa karana minangka guru besar agama Islam, sawuse wafat lan dipethak dening para santrine ana padudon rame antarane para santri babagan panggonan sing pas kanggo memethak Sunan Bonang. Nganti ana kedadean; santrine saka Madura ndudah lan gawa jasad sunan Bonang menyang Madura nanging konangan santri saka Tuban. Banjur dadi padudon lan rebutan jasad mau ana ing sandhuwuring prahu ing segara. Sajroning rebutan kuwi santri saka Madura bisa ngganduli morine dene santri saka Tuban bisa nggawa mlayu jasade banjur dikafani maneh. Sawuse kuwi padha nutugake laku dhewe-dhewe, santri saka Madura enggal methak kafan mori sang Sunan ing pulo Madura. Dene santri saka Tuban banjur enggal methak ing Tuban. Saiki panggonanne ana ing Masjid Agung Tuban.

Saka kedadean kuwi nganti tekan saiki makam Sunan Bonang dipercaya ana telung panggonan, yaiku ing desa Bonang kecamatan Lasem kabupaten Rembang, ing desa Sukorejo Tuban lan ing Batu Ampar kabupaten Sampang pulo Madura.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: