KEDADEYAN DESA KEDUNGPANI

Kocap kacarita, jaman biyen ana kaluwarga kang uripe ana ing sapinggire alas karet lan alas jati. Alas mau katon peteng amarga wit-witane gedhe-gedhe lan singup. Ananging mbah  Sura lan bojone ora wedi. Deweke wis biasa urip ana ing pinggir alas mau.

Mbah Suro karo nyi Sabrang urip ayem tentrem , tansah antut runtut kaya mimi lan mintuna. Kaluwaga kuwi ora duwe tangga teparo, Panggaweyane mbah Sura tani, Saben esuk-esuk bubar subuh mbah Sura lunga menyang tegalan saperlu anggarap tanah kanggo nandur palawija, pari gaga lan sapanunggalane, nyi Sabrang biasane uga melu ngancani mbah Sura budhal bareng esuk jam lima uga

Ora kaya padatsabene. Esuk kuwi mbah Sura budhal menyang tegal dewekan, nggawa pacul lan arit piranti kanggo tetanen.nyi  Sabrang durung rampung anggone nggawe sarapan, mula ngomong marang mbah Sura yen bakal nyusul menyang  tegal  yen wis rampung masake utawa matengan.Mbah Sura budhal dewekan lewat sapinggiring ngalas tumuju tegal.

Ora let suwe nyi sabrang nyusul bojone menyang tegal. Nyi sabrang lewat pinggir dalan sing seje karo dalan kang dilewati mbah Suro saben dinane. Nyi Sabrang  mlaku alon –alon karo nyangking rantang kang isine sega, jangan  lan lawuh sacukupe kanggo sarapan mbah Suro lan nyi Sabrang dewe.

Nyi Sabrang  mlaku karo tekenan . Teken digunakake nalika mengko arep nyabrang kali kang ana kedunge. Ora nganti  rong jam suwene nyi Sabrang tekan sapinggire kedung.Nalika arep nyabrang Nyi Sabrang diendhekake karo pawongan. Pawongan mau takon marang Nyi Sabrang, “ Heh wong tuwa !, mandheka  dhisik “,apa sing tak gawa kuwi ?, Nyi Sabrang banjur noleh karo kandha, “ aku nggawa sarapan kanggo bojoku “,Begal mau banjur ngomong meneh, “ aku njaluk apa sing tak gawa kuwi, entuk tak jaluk, ora entuk tak rudapeksa  ! “. Nyi Sabrang ora menehake rantang mau, cekaking crita begal karo nyi Sebrang rebutan rantang kang isine sarapan kanggo mbah Suro. Gandeng  rebutan ana ing sisihe kedung mau, sega  kang digawa dening Nyi Sabrang numplak lan njegur ana kedung mau, Nyi Sabrang muntap marang begal kang ngadang lakune lan njaluk peksa apa kang digawa, mula teken sing dikecel dening nyi Sabrang digebugake marang begal mau. Durung nganti kena nang awake begal mau, teken direbut dening begal mau banjur  diuncalake ana liya desa, karo ngucap “ teken kang dakuncalalke  ana liya desa iku mbesuk bisa dadi pratanda yen desa kuwi suk yen ana rejane jaman tak jenengake desa “Gondoriya,suk masyarakate bakal urip makmur salawase”.Nyi Sabrang uga ora gelem kalah mula banjur melu ngomong, “ aku uga arep menehi tetenger yen mbesuk ana rejane jaman desa iki tak jenengake desa Kedungpane, amarga sega sing tak gawa numplak lan jegur ing kedung.

Begal mau banjur mlayu ninggalake Nyi Sabrang  menyang desa liya kang diarani desa Jatibarang. Nyi Sabrang nerusake laku nyusul bojone menyang tegalan. Sauwise tekan lan ketemu bojone Nyi Sabrang banjur crita yen deweke mentas diadang begal kang ngrebut sarapan kang digawa. Mbah Sura nampa lan narima apa kang dikandhakake  dening bojone mau. Wong loro mau banjur nggawe sarapan kanthi bakar pawetu ing tegalan kang ditandur karo mbah Suro.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: