KUBURAN JOGED

Cariyos  punika kapendhet saking tlatah Dusun  Sendangmulyo , kecamatan  Tembalang   Kota  Semarang .

Cariyos punika mboten dipun mangertosi kala punapa kadadosanipun , ananging ngantos sapunika masyarakat wonten  ing tlatah punika taksih sami percados cariyos punika .

Cariyosipun makaten .

 Rikala tlatah Sendangmulyo taksih sepen , taksih arupi wana kathah wit – witan ingkang ageng . Tiyang – tiyang menawi badhe kekesahan mboten wantun piyambakan , amargi mergi ingkang dipun liwati sepen tur mboten rata ugi menawi ndalu peteng ndhedhet . Kejawi kawontenan ingkang taksih sepen amargi taksih arupi wana , wonten ing papan punika  ugi kathah begal , ingkang asring nyegat lan nyuwun kanthi  peksa dumateng sinten kemawon ingkang  ngliwati  mergi punika .

Pinuju ing salah satunggaling dinten ,  wonten ing papan punika , wonten rombongan ledhek  liwat . Rombongan punika nembe kemawon wangsul saking  tanggapan ing  sak kidulipun Sendangmulyo . Suwau rombongan punika radi rangu – rangu rikala badhe wangsul ngliwati mergi punika  , ananging mboten wonten mergi sanes , tur wekdal sampun saya  dalu . Kamangka dinten ngenjang  kedah ngayahi tanggapan   wonten ing panggenan sanes .

Golonging rembag , rombongan tetep wangsul dalu punika lan ngliwati mergi punika ugi .

Mboten antawis dangu saking papan  panggenan  ingkang nanggap , wonten mergi rombongan ledhek dipun cegat begal . Sedaya ingkang dipun bekta dipun suwun kanthi rudhapeksa . Ananging rombongan punika mboten gampil maringaken punapa ingkang dipun bekta , awit sedaya wau minangka piranti lan asillipun anggenipun nyambut damel .

Cekaking cariyos rombongan ledhek kawon , ingkang saya ndadosaken sedhih lan sungkawa , salah satunggaling Kenya saking rombongan ledhek wonten ingkang tiwas , nalika ndherek bandayuda ngukuhi punapa ingkang dipun bekta . Saksampunipun begal angsal punapa ingkang  dipun kersaaken , begal kesah nilaraken rombongan ledhek punika  tanpa nggadhahi raos welas .

Rombongan ledhek sami bingung kados pundi caranipun mbekta wangsul jisimipun kenya ingkang tiwas punika ,  kamangka griyanipun tebih .wonten salah satunggaling rombongan ingkang mrayogaaken  ,  saupami jisimipun kenya punika dipunsareaken wonten papan punika kemawon  ?  sak lajengipun  pamrayogi punika dipun sarujuki,  bilih jisimipun ingkang tiwas dipun sarekaken / dipun kubur wonten ing papan punika . Rombongan nglajengaken lelampahan malih .

Sak sampunipun kedadosan punika wonten ing dinten tartamtu  , menawi ndhalu watawis tabuh 01 .00  –  02.00  wonten ing papan punika asring kapireng swanten gamelan . Lajeng masyarakat wonten ing sak kupenge tlatah punika percados bilih swanten  gamelan punika  asalipun saking  kuburipun jogged ledhek punika . mila panggenan punika dipun wastani   “ KUBURAN JOGED  “ .

Leresipun papan punika wonten ing nglebetipun Lapangan Golf Sendangmulya , Tembalang , Semarang .

 Cariyos punika dipun andharaken dening :

 Bapak Nur Rohman  , yuswa  67 tahun  , ingkang dalemipun wonten ing Dusun Klipang / Dadapan  Kelurahan Sendangmulya ,  kecamatan Tembalang , Semarang .

Tinggalkan komentar