CANGKRIMAN

Cangkriman

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.

  1. Wujude cangkriman
  2. Cangkriman kang awujud tembung wancahan

Tuladha:

-wiwawite lesmbadhonge

Bedhekane : wi dawa uwite, tales amba godhonge

-Tong Yong Reng reng

Bedhekane :gotong royong bareng-bareng

-pekrimeme:

Bedhekane : apek pari rame-rame

-wemahrongga

Bedhekane: gawe omah karo tangga

  • Cangkriman Irib-iriban

Tuladha:

-Sega sakepel dirubung tinggi

Bedhekan : salak

-Pitik walik saba meja

Bedhekan : sulak

  • Cangkriman Blenderan/Plesedan

Tuladha:

-bakule krambil dikepruki

Bedhekan : sing dikepruke krambile

-Tulisan Arab macane saka ngendi?

Bedhekan : Alas

  • Cangkriman Awujud tembang

Tuladha:

Pocung

Bapak pocung yen enom klambine gadhung

Yen wis rada tuwa

Si pocung klambine kuning

Tuwa pisan si pocung klambine abang

Bedhekan: mlinjo

  • Cangkriman awujud ukara

Tuladha:

-Sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur diurugi

Bedhekane : timbangan

Tuladha cangkriman ing pacelathon :

Surti   : “kanca-kanca, kelase dhewe ki reged. Ayo padha siklasrengreng

Rina   : “kuwi ki apa? Aku ora dhong!”

Leni    : “eh, mbuh…aku ya ora ngerti kuwi…!”

Juni    : “ooo…aku ngerti! Kuwi karepe, ayo reresik kelas bareng-bareng.”

Surti   : “naah… gene kowe pinter…”

Juni    : “aja lali, pitik walik saba mejane dicepakke.”

Leni    : “apa maneh kuwi?”

Surti   : “kae lho… sing cemanthel tembok!”

Rina   : “wah, aku dhong saiki! tegese sulak ta?”

Surti   : “ lhaa…wis dhong ta, saiki ayo resik-resik kelas bebarengan.”

Kabeh : “ayoooo….”

Tuladha cangkriman ing tembang       :

Nyata kowe wasis, sis

Batangen sing gelis, lis, lis, lis..

Cangkriman telu iki…

Jangkrik buntut lawe, batangane apa,

Manuk ndhase telu batangane apa,

Bapak demang, mang klambi abang, bang, bang

Disuduk manthuk-manthuk…

  1. Semaken parikan iki!

Lagu kecik-kecik

Kecik-kecik ditumpakna sepur

Sawo kecik ya dironce-ronce

Sapa pengin urip subur makmur

Ayo bebarengan padha sregep nyambutgawe

Oing numpak andhong sakdhokare

Oing gotong royong ro kancane

                   (Suwardi, 2008: 173)

                             JANGKRIK GENGGONG

Kendal kaline wungu, ajar kenal karo aku

Lelene ,mati digepuk, gepuk nganggo walesane

Suwe ora pethuk, ati sida remuk, kepethuk mung suwarane

Ayo tuku kluwih, kluwih dinggo njangan

Ayo padha mulih, mulih bebarengan

Enake…enak… sega liwet jangan terong

Teronge bunder-bunder, bocah sregep dadi pinter

Teronge ijo-ijo, bocah kesed dadi bodho

  • Teges parikan

Parikan yaiku, unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi guru swara.

  • Paugeran utawa pathokan parikan
  • Cacahe wanda kapisan kudu padha karo ukara kapindho
  • Parikan kang kedadeyan saka rong larik, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindho minangka isi.
  • Parikan kang kedadeyan saka patang larik, ukara kasiji lan kaloro minangka purwaka, dene ukara katelu lan kapapat minangka isi.
  • Tibaning swara kapisan kudu padha karo tibaning swara ukara kapindho. Dene yen kedadeyan saka patang larik, ukara sepisan tibaning swara kudu padha karo ukara katelu. Lan ukara kapindho tibaning swara kudu padha karo ukara kapapat.

CERKAK

Crita Fiksi lan unsur Intrinsikipun

Wacan ing ngisor iki wacanen kang titi!

T O P E N G

Dening : Oemaryanto

                   Buntelan sing diwadhahi tas kresek ireng iku dicepitake ing boncengan buri. Lawang omahe digembok banjur nggenjot sepedhah jengkine urut dalan padesan. Ora suwe wis tekan dalan gedhe jurusan Jombang – Kandhangan, sing isih sepi saka kumliwere kendharaan. Sauntara ing brang wetan, sunare surya wiwit sumamburat abang.

                   Alon-alon Syahri mancal sepedhahe. Saka omahe ing Kandhangan nguon-ngidul parane. Dina iki sing dituju pasar Pamenang – Pare. Simbah saka putu lanang siji thil iki suthik dikalahake karo umur. Kisut tuwa lan krenggosane napas dudu pepalang kanggone Syahri kanggo ngisi dinane kanthi tangi isuk lan tumandang gawe sadurunge srengenge njedhul.

                   “Ayo, Dhik Kasun. Aku dhisik…” sapane marang Kasun Parno sing lagi ngenteni bojone ing ngarep wartel Mawar. Sing disapa mlengos, mbuwang panyawang karo ethok-ethok ora krungu. Syahri ora kaget. Batine mung mesem. Wis ngira yen sapa aruhe bakal ora dipaelu. Mulane dadi uwong gak usah neka-neka, batine maido tanggane iku. Kurang luwih seminggu kepungkur Kasun Parno mampir omahe. Saka bale desa, sebab panas banjur ngisis ing emper lungguh lincak ngarepan omahe Syahri sing pancen isis. Kebeneran awan iku Syahri lagi ngresiki topeng-topeng tinggalane wong tuwane. Topeng-topeng iku wis tuwa. Kayune ireng nggales, kelir lan cete akeh sing wis burem. Biyen ana sing arep nuku, nanging ditulak. Senajan ajine ora sepira nanging topeng-topeng iku kabeh dianggep warisane kulawarga. Mung loro sing gaweyane Syahri dhewe.

                   Garapane kasar, wangune kaya badhut, pating pendhosol kaya wong lahi ngenyek lan nyungir. Ing burine ana kain kanggo nutupi sirah. Dadi sapa bae sing nganggo topeng iku ora bakal diweruhi sapa sing ana walik topeng iku. Iya topeng badhut rai abang lan ireng iku sing saben dina diajak makarya mbarang turut pasar.

                   “Topeng kaya badhut iki kok beda karo liyane, Kang?” pitakone Kasun Parno nyekel topeng badhut praen abang.

                   “Iya, wong gaweyanku dhewe. Bahane saka kayu waru. Takgarap sabisaku, sing penting ngrejekeni,”

                   “Saka kelire isih anyar ya, Kang?”

                   Syahri banjur nerangake yen nggawene rong taun kepungkur sawise Karmidi anake rabi lan boyong menyang Bogor kae.

                   “Wah, bolongane mripat kurang amba, Kang iki,” kandha ngono Kasun Parno karo njajal topeng badhut sing praen ireng.

                   “Ora apa-apa, Dhik. Nganggo topeng iku bisa weruh kanyatan tanpa disumurupi dening liyan,”

                   “Maksude, Kang?”

                   “Nalika takenggo nyambut gawe mbarang turut toko, ora nyana aku weruh salah siji prangkat desa sing lagi boncengan karo wanita liya…” kandhane Syahri isih karo ngelapi topeng-topenge.

                   “Sapa? Sampeyan nate weruh sapa, Kang?” Kasun Parno kandha lirih karo nyedhaki lungguhe Syahri sing mung ana dhingklik ngisor iku.

                   “Pokoke ya prangkat desa, sing mesthine dadi contone warga. Wanita sing dibonceng dudu bojone. Kira-kira ya… wong digonceng ki sajak mesra banget. Ndadak lendhetan barang neng pundhake sing bonceng…”

                   Durung tutuk olehe crita Kasun Parno ngadeg nyat lan njaluk pamit kesusu banget.

                   “Lho, Dhik.. bukune kari.. iki lho…”

                   Sepisan maneh Syahri mesem. Sepedhah jengkine digenjot alon sajak tanpa sanggan. Akeh sing wis disumurupi. Akeh wong sing wis dikonangi. Mulane ngamen topeng badhut iku ditlateni. Ora mung asile nanging pengalaman-pengalaman sing bareng tuwa iku bisa nguwatake imane, nggedhekake rasa syukur marang Gustine.

                   Tekan buk pinggir kali ana sawetara pemudha lagi cangkruk. Ana sing nggawa gitar lan ketipung. Sajake lagi ngenteni liwate bis esuk.

                   “Ayo, Mas. Menyang pasar ora?”

               Nadyan sapa aruhe iku mau cetha dirungu, nanging para mudha iku ora ana sing wangsulan. Salah sijine sing klambi kothak-kothak malah mentheleng sajak nyimpen dendam. Syahri ngguyu plengeh. Mulane nyambutgawe ing pasar sing bener, Le, batine.

             Telung dina kepungkur Syahri lan topeng badhute ngonangi klambi kothak-kothak mau nyopet ing pasar Peterongan. Nalika dheweke wiwit ngamen, tetembangan karo nauh terbang cilik. Sirahe lenggut-lenggut awake obah manut wiramane lagu. Lho kok dumadakan ana pemudha loro melu suk-sukan ing antarane ibu-ibu sing blanja. Sing klambi kothak-kothak banjur ngetokake silet. Tas kulit iku suwek kena silet. Isine diodhos-odhos. Dhompet, hp, dicopet lan kanthi cepet dilungake kancane. Sing nampani enggal sumingkir ngadoh saka kerameyan.

             Ora suwe kedadeyane. Ibu-ibu sing kecopetan bengok-bengok. Pemudha klambi kothak-kothak iku nyingkir mbalik dalan. Saking kesusune nubruk Syahri sing wis tekan burine. Pemudha iku mandheg sedhela. Mripate menthelengi Syahri sajak ngincim, ora sah melu cawe-cawe. Sing dipenthelengi mung mesem. Naning eseme ora ketok sebab ketutupan topeng badhut ireng.

             Dina iki topengku weruh sapa nyopet lan sapa sing dicopet tanpa bisa tumindak apa-apa. Mulane sing klambi kothak-kothak ing pinggir dalan iku mentheleng tajem nalika disapa Syahri. Salahmu dhewe, Le, batine Syahri.

             Wusana Syahri tekan ing pasar Pamenang sing wis wiwit rame dening umyeke wong dol tinuku. Sepedhah jengkine dituntun lan dititipake ing warung langganane. Buntelan ing tas kresek dijupuk nuli jumangkah tumuju toilet. Sepuluh menit sabanjure Syahri wis njedhul saka toilet. Sandhang penganggone wis salin. Klambine tambal-tambal nganti sadhengkul dawane. Wetenge mblendhuk, nganggo topeng badhut lan nyekethem terbang cilik. Banjur terbang ditabuh, lambene wiwit nembang ing sangarepe bakul. Dhuwit klithik pawewehe bakul lan uwong sing padha welas dilebokake ing kanthong klambi sing sengaja digawe luwih gedhe.

             Uga ana bakul sing ora menehi tur malah grenengan. Syahri ora ngresula. Saumpama Syahri arep mecucu apa ngece-ece uga ora ana sing ngerti sebab kabeh mau ketutupan topeng badhut rai ireng iku.

             Tekan bakul pracangan sisih pojok kidul jangkahe Syahri kandheg. Anggone tetembangan saya lirih. Sirahe menga-mengo. Swarane terbang uga wis ora pati ana wiramane. Saka walike topeng Syahri weruh ana sawenehing wanita lagi blanja karo nggandheng anake lanang sing isih cilik. Wanita iku ditamatake. Jebul Hardini, mantune dhewe sing kudune ana ing Bogor kana. Kapan olehe bali? Dhadhane Syahri tratapan. Sauntara bocah cilik iku wiwit wedi. Bocah iku wedi marang topeng badhut praen ireng sing dianggo Syahri.

             “Ora sah wedi,.. ora apa-apa kok!” kandhane ibune semu kudu ngguyu. Syahri mundur alus. Dheweke enggal metu saka jero pasar. Nuli lenger-lenger ing trotoar ngisor wit waru. Topenge isih dienggo, jantunge isih dheg-dhegan. Apa mantuku iki entuk cuti saka pabrik? Dheweke bali dhewe apa bareng karo Karmidi? Kapan tekane? Apa Hardini njujug omahe wong tuwane ing kana? Pikirane Syahri saiki umyek, kaya umyeke wong-wong ing pasar.

             Saploke Karmidi, anake lanang rabi entuk Hardini lan nyambutgawe ing Bogor kana, Syahri pancen arang-arang banget ketemu. Mung setaun sepisan, yen dhong riyayan. Sauntara Syahri sing lumuh nganggur iku, uga ora tau krasan yen mung meneng ana omah. Dheweke uga suthik yen mung njagakake kiriman blanja saka Karmidi. Sedhenge tenaga tuwane wis ora kuwat nyandhak pegaweyan kasar. Mula banjur nekad ngamen turut dalan, turut pasar.

             Pegawayan iku ora dingerteni dening anake lanang uga mantune si Hardini. Anggone ngamen nganti tekan puluhan kilometer adohe saka desane. Tangga teparone wae arang sing ngerti yen Syahri iku pengamen. Malah ora sithik sing ngira yen dheweke iku bakul topeng. Lan dina iki anggone ngamen jebul adhep-adhepan karo mantune dhewe. Muga-muga bae dheweke ora ngerti.            

             “Topeng nakal!” aloke bocah cilik saka burine Syahri.

             Klothak! Tangane bocah cilik iku nyampe topenge Syahri. Karet sing nyanthol ing kupinge pedhot, topenge coplok lan ceblok ing pangkone Syahri. Syahri gragapan kaget.

             “Lho?…Pak! Njenengan kok… ” aloke Ibune si bocah mau semu ora percaya. Syahri klincutan. Lambene rinasa abot ora bisa guneman. Dipeksa mesem kanggo nutupi isin, tetep ora bisa. Sedhenge wanita sing ora liya Hardini iku jumangkah nyedhak, batine isih ora percaya karo apa sing dinulu.

“Sepurane…Ndhuk…,” guneme Syahri kaya kolu ing gorokane. Topenge saiki ngglundhung ing lemah.

             Topenge sing gumlethak neng lemah dijupuk. Topeng sing dianggep bisa weruh kasunyatan tanpa disumurupi liyan, topeng sing bisa gawe seneng lan wedine liyan, topeng sing bisa dijak nyambutgawe. Topeng sing sasuwene iki bisa kanggo ndhelik saka kanyatan, jebul dina iki wis miyak wadine dhewe.

*****

                                                      (Jaya Baya 12, 2005 : 28 – 19)

1. Crita Fiksi

             Crita fiksi punika nggadhahi teges khayalan.

Crita fiksi punika ing sastra Jawi kathah sanget, ing sastra tulis umpamini  pun crita cekak (cerkak), roman sacuwil, wacan bocah, alaming lelembut, crita sambung, kalebet ugi crita rakyat.

             Ing pundi saged dipun panggihi crita fiksi sastra Jawi? Ing jaman sapunika gampil sanget. Ing majalah utawi kalawarti basa Jawi, ugi ing buku-buku terbitan saking karya sastra jawi kalawau.

             Cerkak punika kalebet crita fiksi. Cerkak saking tembung crita cekak, inngih punika karangan awujud gancaran ingkang ringkes tur padhet, maksudipun nyariyosaken kedadosan saking wiwitan ngantos wekasan kanthi cara ingkang ringkes utawi cekak. Cerkak punika keunggulan ipun senaosa ringkes nanging isinipun saged nabet ing manah.

2. Unsur Intrinsik crita fiksi

             Saben jenis karya sastra punika nggadhahi kaendahan. Kaendahan  kalawau dipun wangun saking struktur sastra ingkang wonten ing salebeting karya punika piyambak. Struktur sastra punika dipun wastani ugi unsur intrinsik karya sastra. Kangge karya sastra jenis crita (gancaran) strukturipun ing antawisipun inggih punika :

a. Tema = inggih punika ide pokok utawi gagasan pokok ingkang dados sumber lan dhasar penulisan cerkak. Kangge mangertosi tema ing cerkak, pamaosipun boten namung sepisan nanging bola-bali lan dipun mangertosi kekajengan ipun pengarang lumantar karyanipun.

b. Plot utawi alur inggih punika reroncening kedadosan ingkang sambung-sinambung salebeting cariyos.

        Plot limrahipun nggadhahi urut-urutan

  – bebuka, nalika pengarang wiwit nggambaraken cariyos ; kenalan.           Pengarang wiwit nggandheng prastawa satunggal lan prastawa sanesipun ingkang saged nyebabaken wontenipun gesehing panemu (konflik) salebeting cariyos.

   – pradondi, kahanan ing nalika gesehing panemu (konflik) kalawau sansaya nemen raosipun. Sedaya prastawa ing cariyos ngalami pamuncakipun.

                 – panutup, nalika pengarang akhiripun mungkasi cariyos lan nutup sedaya prastawa ingkang wonten.

                     Alur utawi plot punika wonten ingkang ngginakaken alur maju, alur mundur, alur rapet, alur renggang, alur maju-mundur, lsp.

                c. Wewatakan (penokohan) inggih punika wewatakanipun para paraga ingkang wonten ing cariyos. Wewatakaning para paraga punika saged dipun tingali saking :

                     – gambaran wujud lairipun; wonten ingkang ayu, bagus, enom, tuwa, uwanen, cacad, lsp.

                     – pikiranipun paraga, badhe tumindak sae, mikir awon, lsp.

                     – gambaran langsung, pengarang nyariyosaken watakipun paraga.

                     – basanipun lan wicantenipun

                     – saged ugi saking kahanan kamaripun, pakulinanipun, caranipun ageman. Lsp.

                d. Latar, Setting

                     Latar utawi setting punika saged arupi papan panggenan lan wekdal kedadosan ingkang wonten ing salebeting karya sastra. Saking papan panggenan lan wekdal punika pengarang nggambaraken swasananing kedadosan, ngantos-ngantos penikmat – pamaos kados tumut ing salebeting cariyos kalawau.

                e. Amanat inggih punika piweling ingkang kinandhut wonten ing karangan. Amanat saged arupi pitutur, pamrayoga, pangajak ngantos dumugi kritik/panyaruwe.

                f. Kaendahaning Basa, inggih punika basa ingkang dipun ginakaken ing cariyos. Taksih netepi unggah-ungguh basa, nggunakaken basa lokal (dialek), utawi ugi rerenggan basa sanesipun.

                g.  Point of view/sudut pandang inggih punika kalenggahan pengarang wonten ing salebeting cariyos. Wonten sudut pandang wong kapisan (utama purusa), lan sudut pandang wong ka-telu/pratama purusa. Ing sudut pandang wong kapisan, pengarang wonten ing salebeting crita kanthi langsung. Saged dados paraga utama, saged ugi namung dados paraga tambahan.

                3. Kawruh Basa

                     – Dasanama; dasa = sepuluh, nama = aran

                     Tembung dasanama yaiku tembung kang duweni teges pirang-pirang utawa padha tegese = sinonim.

                     Tuladha dasanama ing ngisor iki pahamana kanthi tliti!

                     1. Anak      : atmaja, suta, siwi, sunu, yoga, putra

                     2. Angin    : bajra, bayu, maruta, samirana, sindung, riwut, pawana

                     3. Ati          : driya, galih, manah, kalbu, nala, prana, tyas, wardaya.

                     4. Awak     : angga, badan, sarira, salira, raga.

                     5. Banyu   : toya, her, warih, ranu, tirta, we, sindu.

                     6. Lsp

                4. Ukara Langsung lan Ukara Ora Langsung

                          Ing sajrone crita kudu dimanfaatake anane ukara langsung lan ukara ora langsung. Ukara langsung iku panulise nggunakake tandha petik loro. Ditulis mlebu kaya dene pada/paragraf anyar.

                     Tuladha :

                     1. “Aku ora nate melu!” kandhaku banter.

                     2. “Taun iki kowe kudu munggah kelas, aja nganti kaya taun wingi!”  ngendikane Pak Guru.

                     3. “Wetengku luwih tenan. Tulung aku golekna apa-apa kanggo ngganjel wetengku,” muni ngono karo nyekeli wetenge. Aku dadi mesakake banget.

                     Ukara Ora Langsung iku mung dicritakake bae apa sing diucapake. Panulise ora perlu tandha kutip. Ditulis padha kaya basa gancaran ing pada/paragraf.

                     Tuladha :

                     1. Aku mbengok banter lan ngandhani wong-wong mau yen aku ora melu.

                     2. Aku dadi kelingan ngendikane Pak Guru, yen taun iki aku kudu munggah kelas, ora kena kaya taun wingi.

                     3. Wong tuwa iku nyedhak karo nyekeli wetenge. Sabanjure dheweke ngomong yen wetenge lara sebab luwe. Dheweke pengin digolekake panganan apa-apa kanggo ngiseni wetenge sing keluwen iku.

Unggah-ungguh ing bebrayan agung(masyarakat)

  • tataran Bahasa Jawa

Pak Guru Riyanta Crita

Pinuju wulangan Basa Jawa. Sinambi mbaleni wulangan PKK, Bapak Guru Riyanta crita bab tata krama mangkene: Tembung tata lan krama iku amor misah utawa nunggal misah. Karepe tegese padha utawa meh padha. Dadi tata iku ya krama, krama iku ya tata. Tembung tata tegese cara, pranatan, adat, aturan. Tembung krama tegese cara, langkah, tindak, kelakuan, sopan-santun. Tata krama iku tumuju marang kabecikan, katentreman, karaharjan, kabagyan. Tata krama iku tinemu ing ngendi wae, biyen, saiki lan sesuk. Tata krama iku sambung rapete karo kasusilan. Kasusilan sambung rapete karo kapribaden. Mernawa awake dhewe dielokke wong ra duwe tata krama, bocah kok ora ngerti unggah-ungguh mesthi wae oara kepenak. Mula kudu duwe tata krama.

  • memperkenalkan diri,

Tetepungan

Lumrahe yen ana wong lagi ketemu banjur padha tepungan utawa kenalan. Semono uga siswa kelas VII sing anyar, mesthi wae akeh sing padha durung tepung, kajaba para siswa sing sadurunge sa SD. Bisa uga malah wis tepung amarga padha asale, umpamane padha-padha sadesa.

Tumrap kang durung tepung, lumrahe para siswa banjur padha tepungan. Tetepungan iki penting banget amarga (1) bisa nambah kanca anyar, (2) nambah rumaket dadi kancane, (3) bisa diajak rembugan utawa sinau bareng, (4) bisa kanggo kerukunan, lan liyan-liyane.

Akeh cara lan wicara kanggo tetepungan iki. Ing ngisor iki ana conto tetepungan.

Hendarti   : “Eh, kowe rak siswa anyar ta. Jenengmu sapa ?”

Riyanti      : “Aku Riyanti. Kowe sapa lan kelas VII apa ?”

Hendarti   : “Aku Hendarti, aku ing kelas VII B.”

Riyanti      : “Lho, padha yen ngono. Kowe saka SD ngendi ?”

Hendarti   : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?”

Riyanti      : “Aku saka MI Keputran.”

Hendarti   : “MI, apa kuwi MI?”

Riyanti      : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.”

Hendarti   : “ E… wis bel, ayo melu Upacara Pambukaan Masa Orientasi Siswa, yuk !”

Riyanti      : “Ayo !”

  • menyapa,

SIMBAH RAWUH

Ibu dhawuh manawa dina iki simbah sekaliyan arep rawuh, mula Widada sa adhine diutus reresik omah. Dene ibu ngasta nyamikan semar mendem klangenane mbah kakung. Ora sawetara suwe keprungu swara dhokar  mandheg ing ngarep omah.

Widada               : “Dhik … dhik kae simbah wis rawuh

Widati                 : “Pak, Bu… menika simbah sampun rawuh

                             Kabeh padha metu saka ngomah mapagake simbah kakung putri. Widada miwiti salaman kanthi ngaras astane simbah kakung lan putri di susul adhi-adhine, karo matur “Sugeng rawuh mbah” banjur Widada nggawakake tase simbahe, kanthi rasa bungah

Bapak                      : Sugeng rawuh Pak, Bu”

Simbah Kakung     : “Iya rak ya padha slamet ta?

Ibu                           : Pangestunipun bapak saha ibu, sedaya ginanjar wilujeng”

Simbah Putri :”Kae Wid, simbah ngasta manggis kesenenganmu, enggal dhudhahen oleh-olehe

Widada                   : “Wah matur nuwun  sanget mbah, dhik oleh-olehe simbah iki gawanen

Widaningsih          : “Simbah putri , mangke dalu kula nyuwun dipun dongengi malih nggih.”

Simbah Putri :”Iya-iya mengko bengi simbah bakal ndongeng kanggo kowe kabeh’

Widati                     : “Nembang lagu dolanan ugi nggih mbah

Simbah Putri          : “Iya dongeng lan nembang lagu dolanan

Tetelune enggal nindakake dhawuhe ibune dene simbah sekaliyan isihnerusake wawan pangandikan karo bapaklan ibu ing ruang tamu

Piwulang budi pekerti

  1. Tamu iku kaya dene ratu mula kudu diajenilan dikurmati kanthi becik, ulat grapyak, sumanak apa maneh sanak sedulur lan sesepuh
  2. Ngangsua kawruh marang wong tuwa , sebab pituture bisa kanggo tuladha ing tembe mburi kanggo sanguning urip
  3. Ngajeni lan ngurmati wong tuwa iku kuwajiban
  • berpamitan,

Garin Telat

      Jam 06.15 WIB Garin wis rampung  adus lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika mlithit. Garin banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jnenge Dika. Sawise rampung sarapan grin lan Dika njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibu. Garin ngajak salaman bapake. Astane bapake diaras sinambi matur “ Pak, kula nyuwun pamit bidhal sekoalah, kula nyuwun pangestu !” Semono uga marang ibune. Adhine si Dika uga melu-melu kaya kakangne.

      Bocah loro banjur cengkrak pite dhewe-dhewe. Ing tengahing dalan Garin krasa menawa lakune pit gliyar-gliyer. Garin banjur ngendheg lakune pit lan mudhun. Tangane menyet ban pit. Pranyata ban pite nggembos. Dika melu mandheg lan nyeraki kakangne. “ ana apa, Mas ?” pitakone Dika.

“ Bane nggembos ! Wis kana kowe mangkata dhisik, aku takgolek silihan kompa !” wangsulane Garin.

“Trus pite kepriye, Mas ?” piakone Dika. Garin mangsuli sinambi nuntun pit. “ Taktuntun alon-alon. Wiskana gek mangkat dhisik mundhak telat !”

Dika banjur nggenjot pite tumuju menyang sekolahe. Dika mlaku sinambi nuntun pit. Kira-kira 200 m Garin oleh silihan kompa.

             Jam 07.10 WIB  Garin tekan sekolah.Sawise nyelehke pit banjur mlayu tumuju menyang kelas VII A.

Garin ndhodhog lawang lan uluk salam. Garin weruh menawa bu Retna mangsuli salame lan manthuk mula Garin  mlebu nyeraki Bu Guru. Garin ngadeg jejeg tangane ngapurancang, awake rada mbungkuk “ Nyuwun pangapunten Bu kula telat jalaran ban sepedha kula wau nggembos. Menawi kepareng kula badhe ndherek wulangan !” ature Garin.

“ Ya wis kana enggal lungguh !” Ngendikane bu Retna.

“ Matur nuwun, Bu  !” ature garin. Garin banjur lungguh ing kursine.

Menawa sliramu arep lelungan kudu pamit marang wong tuwa. Arep mengkat menyang sekolah utawa arep dolan pokoke menyang ngendi wae kudu pamit, supaya wong tuwa ora bingung anggone nggoleki.
Sliramu telat mlebu kelas uga kudu nyuwun idin marang guru kang lagi ngasta ing kelas iku.Semono uga nalika wulangan sliramu arep metu menyang pakiwan uga kudu nyuwun idin marang guru.

Dene patrape awak nalika matur yaiku :

1.          Awake ngadeg jejeg.

2.          Polatan sumeh.

3’          Tangan ngapurancang.

4.          Nalika matur awake rada dibungkukake sethithik.

5.          Mtur migunake unggah-ungguh kang benar.

  • meminta maaf,

Wong kang njaluk pangapura marang wong liya, iku minangka pratandha yen dheweke  ngrumangani luput. Wong sing bisa ngrumangsani lupute iku wong sing luhur bebudene jalaran manungsa iku ora sampurna. Sawise ngrumangsani luput, banjur njaluk pangapura. Wong sing menehi pangapura iku luwih utama tinimbang wong kang njaluk pangapura jalaran aweh pangapura iku luwih abot tinimbang njaluk pangapura. Wong kang aweh pangapura wis ngrasakake lara ati jalaran saka pokale wong kang njaluk apangapura mau.

Njaluk pangapura ora mbedakake antarane enom, tuwa, pangkat, drajat, sugih, mlarat, bodho utawa pinter. Nanging sapa wae kang luput wajibe njaluk pangapura, sanajan wong sing dijaluki pangapura mau luwih enom, luwih mlarat, luwih asor, luwih bodho utawa liyane.

Tuladha ukrara njaluk pangapura :

  1. “Aku njaluk pangapuramarang kowe! Aku pancen luput!”
  2. “Ya wis , aku njaluk njaluk ngapura ya…!”
  3. “Apuranen luputku, aku ora bakal mbaleni maneh luputku!”
  4. “Manawi wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten!”
  5. “Mbok bilih kathah kalepatan atur kula, kula nyuwun pangapunten”
  6. “Kabeh luputku apuranen ya!”
  7. “Kupat janure tuwa, yen lepat njaluk pangapura!”
  8. “Kupat mawi santen, wonten lepat nyuwun pangapunten!”
  9. “Jenang sela, wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula!”

2. Getun utawa keduwung

Wong kang getun / keduwung, iku amarga ngrumangsani yen sing wis ditindakake  iku kleru. Ana unen-unen ”getun tiba mburi”. Wong getun lumrahe  sawise kelakon. Apamaneh yen klerune iku ndadekake kapitunae wong liya. Mula saka iku sadurunge tumindak kudu dipikir  luwih dhisik ala lan becike, tuna lan bathine supaya ora nuwuhake getun burine.

Tuladhane wong getun:

  1. “Wah…. Getun aku!, Amarga saka tingkahku , akeh wong kang cilaka!”
  2. “Getun aku. Aku kleru. Sing gedhe pangapuramu ya.”
  3. “Saestu, kula boten badhe ngambali malih, saestu, kula nyuwun pangapunten.”
  4. “Getun aku, kenapa mau bengi aku ora sinau malah nonton tv!”
  • mengucapkan terima kasih.

Serat wulangreh pupuh kinanthi

Tembang macapat kinanthi

Puisi Jawa kaperang dadi loro yaiku puisi Jawa kuna lan puisi Jawa modern. Puisi Jawa kuna tuladhane Tembang macapat dene puisi Jawa modern tuladhane geguritan. Tembang macapat kaiket kanti paugeran guru wilangan, guru gatra, guru lagu, tuin guru pada.

Guru wilangan yaiku cacahing wanda/ucapan/suku kata ing saben sagatra/ salarik/sabaris. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra/larik. Guru gatra yaiku cacahing baris/larik saben sapada/sabait. Guru pada yaiku cacahing pada/bait ibg tembang macapat.

Paugeran tembang kinanthi yaiku: Guru gatra : 6. Guru lagu : u, i, a, i, a, i. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8. Guru pada tembang kinanthi ing serat wulangreh yaiku 16

01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.

02

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.

Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.

06

Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.

Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.

07

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.

Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.

08

Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.

Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.

09

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.

Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.

10

Cerita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.

11

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.

12

Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.

Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.

13

Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

Banyak orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian tanpa batas.

14

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.

Jangan ada orang yang dapat berbicara kecuali dirinya sendiri dan jangan ada yang meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau dekati.

15

Sikakna di kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira sandhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.

Jika kau temui orang seperti itu, usirlah seperi kau menghalau anjing, dia tak patut kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik hindarilah.

16

Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.

Bagi yang membaca surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap orang tua, lahir dan batin.

Resi Jatayu

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. 

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati

RESI JATAYU 

Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging nalika wong wadon ora bisa mlebu bunderan kuwi. 
Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembang mlathi sing endah iku?” panjaluke wong wadon tuwa iku. 
Sinta banjur menehake mlati sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane menyang sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake. 
Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha.. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta. 
“Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan,” ature manuk iku. 
Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku,” kandhane Sinta. Jatayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta. 
Putri, paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri! Jathayu ngrintih. 
Sinta banjur nuruti ature Jatayu. Sinta banjur njabut saeler wulu saka awake Jatayu.Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta, Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka. 

Drama Berbahasa Jawa

  1. Sandiwara / Drama
    Drama yaiku jinising cerita kang kajupuk saka cerita kang nyata. Dene kang dicritakake yaiku uriping manungsa. Mula saka iku, skenario kudu bisa ditampa ing pikiran utawa kedadeyan kang dilakoni manungsa.
    a. Jinising Drama
    Jinis – jinising drama, yaiku kaya ing ngisor iki.
  2. Balet, gabungane tari lan musik ana ing pamentasan sawijining lakon.
  3. Berutuk, drama topeng kang ana ing Trunyan, Bali.
  4. Drama Komedi, drama kang diwernani swasana seneng utawa lucu
  5. Drama tragedi, drama kang diwernani swasana sedih.
  6. Drama tragedi – komedi, drama kang nyritakake bab kasenengan lan kasedhihan.
  7. Drama misteri yaiku drama kang njaga kawigatening kang nonton kanthi suspensel kang kenceng, umpamane tumindak kriminal utawa lelembut/horor.
  8. Drama action/laga yaiku drama kang akeh nontonake adhegan konfrontasi kanthi setting tradhisional, modern, utawa fiksi ilmiah. Film drama iki akeh wong kang seneng.
  9. Drama sejarah, yaiku drama kang nyritakake babad/sejarah kang ana tokoh lan kadadeyane.
  10. Hudog, drama ritual masarakat Dayak.
  11. Kethoprak, drama rakyat asa Jawa.
  12. Ludruk, drama rakyat saka Jawa Timur.
  13. Wayang, seni pertunjukan tradisional.
  14. Melodrama yaiku drama kang nyritakake kasusahan utawa prihatin. Jinising iki akeh ditemoni ing sinetron utawa film seri televisi.
    b. Apresiasi Sandiwara/Drama
    Apresiasi yaiku kesadaran tumrap nilai seni lan budaya utawa pambijen/pangajenan tumrap
    apa wae, Ngapresiasi yaiku nindakake pangamatan, pambijen, lan pengajenan.
    Ngapresiasi drama/sandiwara ateges bisa ngajeni tumrap drama/sandiwara, yaiku kegiatan ngamati, mbiji lan ngajeni tumrap drama/sandiwara. Ngapresiasi drama/sandiwara kudu nggatekake babagan ing ngisor iki :
    1) Pambuka
    • Wenehana isi ringkesan drama
    • Wenehana himpunan utawa lembaga sing mentasake drama
    • Panggonan lan wektu drama dipentasake
    • Panulis drama (manawa dimangerteni)
    2) Isi
    • Kepriye isine drama, gampang dimengerteni apa ora.
    • Kepriye pacelathon kang dienggo ana ing drama
    • Apa jinising drama lan karaktere pelaku
    • Apa pesen kang ana ing drama
    • Kepriye basa kang digunakake
    3) Panutup
    • Panyuwune
    • Dudutan
  15. Unsur – unsur ing Sandiwara
    a. Unsur Intrinsik Sandiwara
    Unsur – unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara kaya ing ngisor iki.
  16. Tema yaiku underaning perkara kang arupa ide dhasar crita
  17. Purusa/paraga (tokoh) lan watake
  18. Alur
  19. Amanat
  20. Gaya basa
  21. Latar
    b. Unsur Ekstrinsik Sandiwara
    • Latar belakang diciptakake yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis
    • Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahanan masarakat saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.
    • Latar belakang utawa kahanan pangripta
  22. Wujud Sandiwara/Drama
    Naskah drama bisa dijupuk saka geguritan (puisi), cerkak, nyadur drama manca, utawa ngriptadrama dhewe. Supaya luwih cetha bakal kaandharake kaya ing ngisor iki.
    a) Dramatisasi Geguritan (puisi)
    Gawe naskah drama saka bentuk geguritan (puisi), tegese teks geguritan (puisi) kasebut diolah lan dikembangake dadi wujud pementasan drama kanthi karakterisasi kaya drama kang sanyatane.
    b) Dramatisasi Cerkak
    Dramatisasi cerkak minangka upaya kreatif nyalini wujud narasi fiksi dadi teks drama satemah bisa diperagakake.
    c) Nyadur (Nyalini) Naskah Drama Asing
  23. Urut-urutaning nulis naskah sandiwara yaiku :
  24. Nyebutake tema sandiwara,
  25. Nyiptakake setting utawa latar,
  26. Eksplorasi ing sadhengah papan panggonan,
  27. Nyiptakake paraga,
  28. Nyusun monolog kanggo para paraga,
  29. Ndadekake kabeh elemen dadi skenario dhasar.

WACAN
Wacanen naskah sandiwara “Jaka Tarub lan Nawang Wulan” ing ngisor iki!

Jaka Tarub lan Nawang Wulan
Jaka Tarub yaiku pemudha gagah kang nduweni kasekten. Deweke kerep mlebu metu alas kanggo mburu apa dene ngudi kawruh. Nalika sawijining dina ing wengi purnama, Jaka Tarub mlebu alas. Saka kadohan deweke krungu sayup-sayup suara wong wadon kang lagi gegojegan. Amarga pengin ngerti, Jaka Tarub mlaku nggoleki asale suara-suara iku.
Nganti tekan ing sawijining danau kang endah ing tengah alas, ana pitung wanita kang ayu rupane lagi padha gegojegan. Kanthi mlaku alon-alon, Jaka Tarub nyedhaki papan kasebut. Banjur deweke nemokake slendang wanita kasebut. Deweke milih lan njupuk salah siji slendang, banjur didhelikake. Let sawetara para wanita kang satemene widadari wis arep mulih menyang khayangan.

Nawang Wulan : “Dhuh Mbakyu, kepriye iki slendangku ora ono?”
Widadari barep : “Cepet Nawang Wulan, coba digoleki nganti ketemu!”
Nawang Wulan : (sawise sawetara wektu) “Ora ono Mbakyu. Kepriye carane aku bisa mulih menyang khayangan?”
Kabeh widadari : “Nawang, kita kudhu ninggalake kowe ing kene amarga wayah wis samsaya surup.”
Nawang Wulan : “Mbakyu, gawanen aku menyang khayangan.” (karo nangis)
Widadari barep : “Tanpa slendang iku kowe ora bisa mulih.”

Para widadari banjur mabur. Nawang Wulan sinambi nangis isih nggoleki slendange. Jaka Tarub kang isih ono kono nyedhaki Nawang Wulan.

Jaka Tarub : “Kena ngapa kowe isih ono kene?”
Nawang Wulan : “Sapa kowe? Aja nyedhak!”
Jaka Tarub : “Aku Jaka Tarub. Aku ora duwe niat ala.”
Nawang Wulan : “Lha kowe arep ngapa ono kene?”
Jaka Tarub : “Aku lagi nggolek kewan, kebeneran aku krungu ono wanita sing lagi gegojegan ing sakupenge kene. Banjur aku ngerti kowe lagi nangis.”
Nawang Wulan : “Slendangku ilang, embuh sapa sing njupuk.”
Jaka Tarub : “Slendang? (reka-reka kaget). Kanggo apa slendang iku?”
Nawang Wulan : “Iya Slendang. Satemene aku iki widadari saka khayangan. Aku lan mbakyu-mbakyuku biyasane mara ing danau iki.”
Jaka Tarub : “Menawa gelem, kowe bisa nginep ing omahku. Kowe ora usah kuwatir, aku iki wong apik.”
Nawang Wulan : “Iya, aku melu menyang omahmu.”
Sawise pirang-pirang wulan, Jaka Tarub pengin nggarwa Nawang Wulan. Ing sawijining dina, Jaka Tarub ngandharake niate kasebut. Amarga ora duwe sedulur ing donya, Nawang Wulan nampa lamarane Jaka Tarub.
Sawise nikah karo Nawang Wulan, uripe Jaka Tarub sarwa kacukupan. Panene akeh lan lumbunge tansah kebak pari tanpa kelong. Slendang Nawang Wulan didhelikake Jaka Tarub ing njero lumbung kang tansah kebak.

Nawang Wulan : “Jaka, piye asil panene?
Jaka Tarub : “Saya suwe saya akeh panene.”
Nawang Wulan : “Nanging, kowe kudhu makarya kanthi tumemen, amarga bisa bae nalika wayah panas kita arang panen.”
Jaka Tarub : “Iya Nawang, aku bakal tetep makarya kanthi tumemen.”
Nawang Wulan : (ngguyu bungah)
Kalorone dianugrahi putra siji sing jenenge Nawangsih. Kulawarga Jaka Tarub urip kanthi bagya mulya. Nanging, sawise sawetara suwe , Jaka Tarub ngrasa pengin ngerti kenangapa saben dina kulawargane bisa mangan sega, nanging lumbunge tansah kebak malah katon ora kelong. Sawijining dina nalika Nawang Wulan arep lunga menyang kali, deweke meling marang Jaka Tarub supaya aja nate mbukak tutup dandang kanggo masak sega.

Nawang Wulan : “Jaka, kowe aja nate mbukak tutup iki ya!”
Jaka Tarub : “Lha ngapa?”
Nawang Wulan : “Kowe kudhu manut piwelingku iki. Aku pamit menyang kali dhisik. (lunga ninggalake omah)
Nanging Jaka Tarub tetep kepengin ngerti isine dandang kasebut. Pungkasane deweke nyoba mbukak tutup dandang lan mangerteni isine among sak wiji beras. Jaka Tarub nutup maneh dandang kasebut. Sawise Nawang Wulan mulih, deweke kaget kena ngapa berase ora malih dadi sega. Banjur takon marang Jaka Tarub.

Nawang Wulan : “Jaka, apa kowe mau mbukak tutup iki?”
Jaka Tarub : “Ora.”
Nawang Wulan : “Ngapusi! Lha terus ngapa berase ora malih?” (nesu)
Jaka Tarub : “(ndhingkluk) Iya, Nawang. Aku sing mbukak dandange lan ndelok isine.”
Nawang Wulan : “Kena ngapa kowe ora manut piwelingku mau, Jaka!
Jaka Tarub : “Aku mung pengin ngerti kenangapa parine awake dhewe ora tau entek, kamangka kita saben dina mangan sega.”
Nawang Wulan : (nangis lan ninggalake Jaka Tarub)
Nawang Wulan sedhih amarga wiwit wektu iku deweke mesthi masak sega kaya manungsa biasa. Nawang Wulan kudhu ngupaya numbuk pari sing akeh supaya dadi beras lan adang sega. Akibate saya suwe parine ing lumbung saya sithik. Kamangka wayah panen isih suwe.
Ing sawijining dina, Nawang Wulan njupuk pari arep ditumbuk. Nawang ngerti ono kain sangisore tumpukan pari. Nalika digeret dimatke, deweke kelingan menawa kain iku satemene slendang duweke.

Nawang Wulan : “(ngudarasa) Dadi Jaka Tarub wong sing ndhelikake slendangku. Amarga isi lumbung samsaya kelong, aku bisa nemokake slendangku maneh. Iki mesthi wis diatur dening Gusti. Nanging, kenangapa Jaka Tarub tega tumindak kaya mangkene marang aku? Apa salahku? (nangis)
Nawang Wulan nemoni Jaka Tarub kanggo pamitan.
Nawang Wulan : “Jaka, matur nuwun tumrap kabecikanmu sasuwene iki. Kowe pancen wong sing budine becik.” (mesem)
Jaka Tarub : “(kaget) Saka ngendi kowe antuk slendang iku?”
Nawang Wulan : “Aku wis ngerti kabeh. Saiki aku arep bali menyang khayangan.”
Jaka Tarub : “Aja! Kowe aja lunga, Nawang!”
Nawang Wulan : “Nanging, aku kudhu bali nemoni kulawargaku. Aku ora bisa tetep ono kene.”
Jaka Tarub : “Lha terus kepriye karo anake awake dhewe? Apa kowe ora mesakne?
Nawang Wulan : “Aku pengin kowe sing njaga lan ngrawat Nawangsih. Menawa Nawangsih kepengin ketemu, saben wulan purnama tekaa menyang danau. Celuken jenengku, mengko aku mesthi teka.”
Jaka Tarub : “Aku tansah nunggu kowe bali, Nawang.”
Nawang Wulan : (mabur menyang khayangan)
Kapetik saka: http://ceritadantipskeren.blogspot.com
kanthi pangowahan saperlune

Dialog Bahasa Jawa

  1. Kawruh Teks Dialog
    Teks Dialog utawa ing bahasa Jawa diarani pacelathon utawa omong-omongan iku ditindhakake dening wong kang luwih saka wong siji. Antarane siji lan sijine sing padha omong-omongan bisa padha uga bisa beda basane. Perlu dimangerteni menawa kanca karo kanca sing wis akrab banget iku yen gunemannganggo basa Jawa lumrahe basa ngoko lugu. Kanca karo kanca sing akrab ning ana urmat kinurmat anggone padha wawan pangandikan ngaoggo basa krama.

B. TEKS DIALOG

Teks Dialog 1
Candra : ”Sugeng dalu, Pak.”
Bapak : ”Piye, Le. Arep menyang ngendi bengi-bengi wis jam wolu ngene?”
Candra : ”Badhe dhateng griya kanca kula, pak.”
Bapak : “Ana prelu apa, kok bengi-bengi ngene?”
Candra : “Badhe belajar kelmpok, Pak. Punika wonten tugas saking guru kula.”
Bapak : “La, kancane sapabae, Le?”
Candra : “Namung kula kaliyan Bagas, kanca kula satunggal kelas.”
Bapak : “Ya, Le. Sing ngati-ati, amarga iki wayah bengi, mengko yen anggone nggarap tugas wis rampung, enggal bali, aja mampir menyang ngendi-endi, amarga sesuk sekolah mundhak ngantuk”
Candra : “Inggih, Pak, kula pamit rumiyin. Assalamualaikum…”
Bapak : “Waalaikumsalam…”

Teks Pacelathon 2
Ibu : “Ndhuk, tulung jupukna kacatingale Ibu.”
Siwi : “Inggih, Bu. Wonten pundi?”
Ibu : “Ing ndhuwur meja komputer.”
Siwi : “Boten wonten, Bu.”
Ibu : “La, ing ngendi, Ndhuk? Ibu kelingan ing ndhuwur meja komputer.”
Siwi : “La, punika, kacatingalipun sampun ibu agem, kok taksih dipunpadosi.”
Ibu : “Apa iya, Ndhuk..”
Siwi : “ La, punika…”
Ibu : “ Oh, iya, ya Ibu kok malah lali.” Ngene, Ndhuk. Ibu nyuwun tulung, layang iku aturna Bu Mami, ya, Mengko yen ora ketemu bu Mami bisa dititipke Bapak/ garwane. Aja kok titipke rewange ya?”
Siwi : “Kok sajak wigatos ta, Bu.”
Ibu : “Ya, wigati banget isine, Iki layang atur-atur sing nampa kudu Bu Mami dhewe utawa garwane”
Siwi : “ Inggih, Bu.”
Ibu : “ Wis kana, ndang mangkat. Ngati-ati ya, Ndhuk. Layang atur-ature aja nganti tiba ing dalan”
Siwi : “Inggih. Kula bidhal rumiyin. Assalamualaikum…”
Ibu : “Waalaikumsalam…”

Ramayana Crita Anoman Duta

  • Ramayana kaperang dadi pitu kitab yaiku:
    Balakanda
    Kitab Balakanda iku wiwitane carita Ramayana. Kitab BalakandaBalakanda nyeritakaké Prabu Dasarata kang nduwé garwa cacahé telu, ya iku: Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata duwé putra papat, ya iku: Rama, Bharata, Lesmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyeritakaké Sang Rama menangaké sayembara lan ngepèk bojo Sinta, putri Prabu Janaka.

Ayodhyakanda
Kitab Ayodhyakanda iku wosé babagan carita diguwaké Rama ning alas karo Dewi SintaSinta lan LesmanaLesmana amarga saka panjaluké Dewi Kekayi. Sabubaré iku, Prabu Dasarata wis sepuh lan séda. Bharata ora kersa didadékaké RajaRaja, banjur dhéwèké nusul Rama. Rama ora gelem bali menyang praja. Pungkasané Bharata nata ing praja makili Rama.
Aranyakanda
Kitab Aranyakakanda nyritakaké babagan uripé Rama, Sita, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni masa pengasingan. Ana ing saktengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo RaseksaRaseksa. Kitab Aranyakakanda iku uga nyritakaké babagan Sita Sita sing diculik karo Rahwana karo carita babagan paprangané Rahwana karo Jatayu.

Kiskindhakanda
Kitab Kiskindhakanda nyritakaké babagan lakon ketemuné Sang Rama karo Raja Kethèk kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut kratoné saka Subali, kakangé Sugriwa. Ning pérangan iku mau, Subali mati. Banjur Sugriwa didadékaké Raja ning Guwa Kiskindha. Sabanjuré Sang Rama karo Sugriwa bersekuthu kanggo numpes Kraton Alengka.

Sundarakanda
Kitab Sundarakanda nyritakake lakon bala Kiskindha sing lagi yasa kreteg Situbanda sing nggabungake antarané India karo Alengka. Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sita. Ning kana, Anoman ditangkep. Nanging dhèwèké bisa ucul lan ngobong kutha krajan Alengka.


Yuddhakanda
Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar Kera dhuweke Sang Rama karo wadyabala Raseksa Sang Rawana. Ceritane diwiwiti nalika usahane wadyabala Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Nagara Alengka. Nanging, bebarengan karo iku Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean mènèhi pitedah. Ning paprangan, Rahwana dkalahake karo Rama nganggo senjatan senjata panah saktine Sang Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sita.

Uttarakanda
Kitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sita amarga Sang Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora percaya marang kasucèné Dewi Sita. Bnajur Dewi Sita manggon ning pratapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang karajane Sang Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dhèwèké kabèh nyanyikake Ramayan sing digubah karo Rsi Walmiki.
( Pratelan ing inggil mundhut saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Ramayana).

TEKS WACAN

Anoman Duta

Ramawijaya tindak mbebedhag / golek kewan ing alas. Sakdurunge tindak, Prabu Rama wis weling marang sing garwa yaiku Shinta diweling ora kepengen nerak wewaler utawa garis mistik saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadyabalane Rahwana lan padha golek sisik melik kanggo ndhusta Shinta. Sakwuse oleh sisik melik. Rahwana banjur mbudidaya supaya bisa mboyong Shinta. Kanthi maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Shinta kepilut dening Rahwana. Rahwana malih rupa, sing pungkasan malih rupa dadi Kidang Kencana/Kidang Emas kang minangka klangenane /kesenengane Shinta. Penggalihe Shinta seneng campur gumun ana kewan apik minangka klangenane, mula enggal – enggal dicedhaki. Ora ngertia Kidang Kencana iku mau minangka panjelmaan Rahwana. Saknalika Shinta kaboyong lan kabopong Rahwana diasta mabur menyang ngakasa, sakwuse Ramawijaya kondur saka mbebedhag. Pranyata Shinta ora ana, mula banjur utusan marang wadya bala Rama supaya golek sisik melik dumununge Shinta. Gancanging carita, Prabu Ramawijaya golek sisik melik/mata – mata ngenani kaanane Dewi Shinta kang wis didhusta dening Rahwana. Wis pirang – pirang dina pisah karo Dewi Shinta andhadekake penggalihe prabu Rama sungkawa utawa sedhih. Kang diutus utawa dadi duta yaiku kethek putih kang aran Anoman.


Anoman dadi duta/utusane Ramawijaya, banjur njunjug menyang taman Kaputren. Ing kono Anoman bisa nemoni dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang dewi Shinta. Sakwise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan diraket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing Alun – alun Ngalengka. Ngadhepi kahanan kang kaya mengkono, Rewandaseta utawa kapiseta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesti bakal seleh. Iki minangka watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.


Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandra guna lan malah mencolot sanduwuring Kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit – witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik asri saiki dadi lautan geni. Prabu Dasamuka nesu lan mritahake para prajurit saka nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.

Teks Pawarta “berita”

CAKUPAN MATERI

  1. Kawruh Teks Berita
    Pawarta/kabar/berita yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar radhio, tivi, internet lan media liyane. Pawarta kang disiyarake lumantar radio, tivi lan internet luwih cepet ditampa masyarakat tinimbang kang ditulis ing ariwarti/Koran lan kalawarti/ majalah.
    Sipat pawarta kang apik ana 4, yaiku
    h. Faktual.
    i. Aktual.
    j. Narik kawigaten.
    k. Wigati.
  2. Kang kalebu unsur-unsur pawarta
    5W+1H
    a. What/ apa
    b. Where/ ing ngendi
    c. When/ kapan
    d. Who/ sapa
    e. How/ kepriye
  3. Wujude pawarta ana 4
    a. wujud cetak
    b. wujud siaran
    c. Liwat internet
    d. Wujud lisan
  4. Tuladha pawarta
  • Virus corona kang dadi pandemic donya
  • Pawarta bab selebritis
  • Pawarta bab kacilakan lalu lintas
  • Pawarta bencana alam
  • Pawarta bab politik
  • Lsp

Cara Maca Geguritan

Geruritan yaiku pusis Jawa moderen. Puisi Jawa kaperang dadi 2, puisi Jawa kuna awujut tembang lan puisi Jawa moderen awujut geguritan. Tembang ana 3 yaiku tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang macapat. Tembang duweni paugeran/aturan kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu, guru gatra, lan guru pada. Geguritan ora ana aturankang baku. Geguritan utawa puisi Jawa moderen pada karo puisi Bahasa Indonesia, bedane ing basa kang dianggo.

Cara maca geguritan.

  1. mimik/ekpresi. Penghayatan geguritan isa didelok saka mimik/ekpresi, geguritan sedih, seneng, lan nesu beda ing ekplesi pasuryan/muka. Sedih diwaca kanti mripat sayu, obahih alis nguwatake rasa sedih ing pasuryan. Semono uga geguritan seneng lan nesu.
  2. kinesik yaiku obahing peranganing awak. Maca geruritan kanggo nguwatake rasa kabantu obahing perangane awak kayata tangan, sirah, pundhak, sikil lan liya liyane. Geguritan sedih, bungah, utawa nesu kudu pas karo obahing perangane awak.
  3. Artikulasi yaiku pangucape tembung kudu pas. Basa Jawa beda pangucapane bakal dadekake beda arti. Pangucape vokal lan tembung tembung khusus kudi digatekke tenanan.
  4. Timbre yaiku swara gawan kang kudu dibisani. Saben wong beda swarane, pramila macane geguritan kudu dipasake karo penghayatan geguritan.
  5. intonasi utawa lagu yaiku tekanan nada, tekanan tempo, tekanan ucapan kang dadekake geguritan pas kang dituju.

Sakdurunge maca geguritan kudu dipahami isi geguritan disik, kanggo ngampangake anggone maca. Pengucapan kudu dilatih kareben pas pangucapane vokal, tembung, lan ukara. Luwih becik geguritan diapalake luwih disik kareben ora kleru angone maca.

Previous Older Entries